TALQIN JENAZAH BAHASA JAWA

 Assalaamu'alaikum wr.wb.

Mangga kula aturi sami jumeneng sawetawis.

(hadirin padha ngadeg, sing nalkin thok sing lungguh)


Bismillahirrohmanirrohiim

Kullu syai-in haalikun illa wajhah. Lahul-hukmu wa-ilaihi turja'uun.

Kullu nafsin dzaa-iqotul-mauut. Wainnamaa tuwaffauna ujuurokum yaumalqiyaamati faman-zukh-zikha 'anin-naari wa-udkhilal-jannata faqod-faaz.

Wamal-hayaatud-dun-yaa illaa mataa'ul-ghuruur.

Minhaa kholaqnaakum wafiihaa nu'iidukum waminhaa nukhrijukum taarotan ukhroo.

Minhaa kholaqnaakum lil-ajri wats-tsawaab.

Wafiihaa nu'iidukum lidduudi watturoob.

Waminhaa nukhrijukum lil'urdhi wal-hisaab.

Bismillaah, wabillaah, waminallooh, wa-ilallooh, wa-'alaa millati rosuulillah SAW.

Haadzaa maa wa'adar-rohmaanu washodaqol mursaluun.

Inkaanat illaa shoihatan waakhidatan faidzaahum jamii-'ul-ladainaa mukhdloruun.


He…… ! Saiki siro wus mati, lan saiki siro wus ngalih marang ngalam kubur, yoiku ngalam barzah. Siro ojo nganti  lali perkoro kang siro sungkemi naliko siro pisah karo kito kabeh, yoiku nekseni yen temen ora ono pengeran kang hak  kejobo gusti Alloh Ta`ala. Lan nekseni yen gusti muhammad SAW iku utusane gusti Alloh Ta`ala.

He…….! Sing ngati-ngati yen siro ditekani malaikat loro kang dipasrahi nyobo marang siro, siro ojo kaget lan ojo geter.Ngertio saktemene kang bakal nekani siro iku podo makhluke Alloh.

HE…….! Yen malaikat loro mengko takon marang siro mengkene :


Sopo pengeranmu ?

Opo agamamu? 

Sopo Nabimu?

Opo i`tiqodmu?

Lan opo kang siro sungkemi naliko siro mati?


Yen siro ditakoni mengkono jawabo :"Pengeranku iku gusti Alloh" yen dikaping pindhoni takone jawabo maneh," Gusti Alloh Ta`ala iku pengeranku" Yen dikaping teloni takone yoiku pitakon kang pungkasan, siro jawabo kang teges,ojo geter, ojo kuwatir "


Gusti Alloh iku pengeranku,

Agomo islam iku agomoku,

 Gusti muhammad iku nabiku,

kitab al qur`an iku panutanku,

Ka`bah / baitulloh iku qiblatku ,

Sholat sembahyang iku kewajibanku,

Wong islam kbeh iku sedulurku,

Nabi Ibrohim iku persasat bapakku,

Aku urip lan mati netepi ucapan  "

لااِلهَ اِلا اللهُ مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ " .


 He……..! Hujah kang tak warahake marang siro iku cekelono kang temen-temen. Ngertio yen siro bakal manggon ing ngalam kubur nganti besuk dino kiamat, yoiku dinane wong-wong ahli kubur podo ditangekake.


 He………! Ngertio yen pati iku khak .Manggon ong kubur, pitakon mungkar nakir ing kubur, dinane tangi saking kubur, onone hisab, teraju, wot sirotol mustaqim, neroko lan swargo iku kabeh  khak mesti anane.

.Setuhune dino kiamat iku mesti tumeko lan setuhune gusti Alloh bakal nanngekake wongkang ono ngalam kubur.


Wanas-tau-di'uka ya Allooh.

Allohumma, yaa aniisa kulli waahidin. Wayaa haadliron laisa yaghiibu. Aanis wahdatanaa, wa-wah-data-huu, warham ghur-bata-naa, waghur-bata-huu, walaq-qina-huu huj-jata-huu, walaa taftin-naa ba'da-huu, waghfir-lanaa wala-huu, yaa Allooh, yaa robbal-'aalamiin.

Sub-haana rob-bika rob-bil 'izzati 'am-maaa yashifuuun. Wasalaamun 'alal mur-saliin. Wal-hamdu-lil-laahi rob-bil-'aalamiin. Amin. 

Alfaatihah.


Nurhady Omnoe


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

BIOGRAFI SINGKAT KIYAI THOYIB ASY'ARI SIDOREJO PULOKULON GROBOGAN

JPZISNU Sidorejo Pulokulon